Sabtu, 26 November 2011

upacara adat jawa tengah


Upacara Adat Jawa Tengah

Tradisi Nyebar Apem Keyong ing Pengging
                Adat nyebar apem keyong mas ing pesanggrahan ngeksipurna , pengging, kecamatan Banyudana, kabupaten Boyolali sing kober Hang sauntara wektu, samengko dicoba digrengsengake maneh. Disebut keyong mas awit apeme diconthongi cilik-cilik migunake janur saengga memper wujude keyong sawah. Sineng kuyung keraton Surakarta, tradisi iki katindakake saben sasi sapar, sawetara dina sawise Yaqowiyu, upacara sairip tilarane kyai Ageng Gribig ing Jatinom, kabupaten Klaten, kaleksanan.
                Kepiye mula bukane ana tradisi kasebut, lan apa hubungane karo yaqowiyu ora kinawruhan. Mung tinemu katrangan sethithik ing serat biwadhinata, kaciri taun 1936: “Kajawi pasanggrahan lan pasiraman dalem ing ngriku (pengging) ugi wonten kagungan dalem masjid. Saben wulan sapar ing masjid wau dipun wontenaken karameyan kowiyu kados ing Jatinom.”
                Adhedasar serat mau bisa disimpulake adat nyebar apem keyong mas, paling ora, nembe tuwuh bebarengan karo kabangune pesanggrahan Ngeksipurna (1923), yasan Sinuhun Pakoe Boewono (PR) x (1893-1939). Nanging manut dedongengane warga pengging, tradisi kasebut nuladha wekase Yasadipura, pujangga kawentar Karaton kartasura akhir tumeka zaman adage karaton Surakarta. Iki tegese nyebar apem keyong mas mau wis ana wiwit abad 17 tengahan.
Lakune Prosesi
                saiki pesanggrahan Ngeksipurna didadekake papan wisata. Watara rong taunan kepungkur sakehing wewangunan kang ngrenggani Umbul pengantin lan Ngabeyan dipugar. Payon gendheng tawas diganti sirap asbes. Tembok mubeng sendhang dianyarake dadi wutuh, sarta dicepaki fasilitas warung makan cakrik los dalah lesehan, kolam pancingan lan teater terbuka kanggo ajang gelar kesenia rakyat.
                Nuju sebaran apem keyong emas sasi sapar kepungkur masyarakat bebas mlebu pesanggrahan tanpa mbayar. Sedina sadurunge apem kang wis di conthongi cilik-cilik nganggo janur kuning saengga mirip keyong mas ditata ing Umbul Ngabeyan saperlu dirakit ngemba gunungan karaton. Sawise rampung nuli disanggarake menyang makame Yasadipura nuli diinepake ing bale kecamatan Banyudana.
                Ngepasi jemuwah awan dina candhake gunungan apem keyong mas gedhe-cilik dikirab menyang Masjid Cipta mulya kairing drumband siswa sekolah, jathilan lan bregada prajurit karaton Surakarta. Lebar salat jumat apem disebar saka panggungan, dirayah ewonan warga sing wis ngenteni wiwit esuk. Manut salah siwiji karyawan obyek wisata pengging tradisi mengkene iki sakawit ora lumaku ajeg. ”nembe watawis sekawan utawi gangsal taun kepengker pun cobi dipun grengsengaken malih dening pamkab Boyolali. Tujuwanipun kajawi nglestarekaken budaya ajaranipun leluhur, ugi kangge narik kunjungan wisatawan.” Tambahe.
                Adat sebaran apem keyong mas kacihna uga bisa dadi sarana kanggo luwih ngraketake kerukunan sarta paseduluran. Kabukten masyarakat pengging padha sayuk nyangga bareng bot repote adicara tradisi kasebut.
  
enjoy selalu

Kamis, 27 Oktober 2011

upacara adat jawa tengah

hari ini disuruh guru bahasa jawa buat artikel tentang upacara adat jawa tengah memakai jawa.

padahal nyari nya susah sekali....