Minggu, 19 Mei 2013

Geguritan Basa Jawa

Sinopsis Cerkak “Geguritan Kuwi”
Geguritan Kuwi
     Aku menthelengi tulisan ing majalah Panjebar Semangat kanthi ati trataban. Dhuh, Gusti...jeneng kang kapacak ing ngisor geguritan kuwi sing marai jantungku kaya ucul-ucula. “Sri Wirdaningsih...”.
Kawitane jaman isih nganggo seragam putih biru, aku ketemu karo Sri Wirdaningsih. Aku ngrumangsani yen wiwit duwe rasa beda marang kenya manis kuwi. Nanging aku ora wani nyuntak rasa ing njero atiku, lan aku yo wedi marang wong tuwane. Saliyane kuwi, Sri Wirdaningsih kalebu siswa kang lantip malah kepara paling pinter ning kelasku. Awakku mung saderma anak buruh tani sing ora duwe kaluwihan apa-apa.Telung taun aku mung bisa nyawang dheweke, nyawang rambute sing apik lan guyune enak dirungukake.
Nganti ngancik SMA, aku ora bisa nglalekake rupa ayune Sri Wirdaningsih.  Ndilalahe, kersane Gusti, aku kok sakelas maneh karo pepujaning atiku kuwi. Nanging aku tetep clingus, wedi ora wani nyedaki dheweke. Atiku tambah ngrembaka bareng munggah kelas loro. Nanging Sri Wirdaningsih kaya sangsaya adoh saka panjangkaku. Wektu kuwi, sawise dinobatke dadi “Mbakyu SMA 1” bocah kuwi dadi akeh sing nyedaki, malah ana sing wani “nembak” dheweke. Rasane kaya ana geni mubal-mubal ing dhadhaku. Nanging aku mung bisa meneng, amarga dheweke dudu apa-apaku. Wektu kuwi pas meh ujian akhir sekolah, rumangsaku Sri Wirdaningsih dadi beda. Aku pernah weruh dheweke lagi nangis ing koridor kamar mandi. Wektu kuwi aku mung bisa nyimpen pitakonan gedhe ing sirahku, Aku bingung  apa sing bakal tak lakokake wektu kuwi, aku ora wani ngaruh-aruhi.
Lulus sekolah aku wis ora ngerti maneh kabare Sri Wirdaningsih. Jarene dheweke sekolah ing Yogyakarta. Aku ora nerusake kuliah bar lulus sekolah amarga wong tuwaku ora duwe dhuwit kanggo ngragadi. Aku banjur lunga menyang Surabaya golek panguripan dhewe.
Sawise telung taun kerja part time ing toko mebel, aku ditampa dadi karyawan tetap ing kono. Wewayangane Sri Wirdaningsih teka sithik bisa tak sisihake saka pikiranku. Wektu kuwi aku nyoba mbukak ati marang wanita kenalanku, jenenge Ima. Aku wis bareng karo Ima udakara limang taunan. Aku pancen durung bisa nglalekake Sri Wirdaningsih, nanging aku pengin nyoba mbangun bale wisma karo dheweke. Bapa biyungku lan wong tuwane Ima wis ngrestui aku lan dheweke.
Ora suwe aku nyiapake ubarampe kanggo acara nikahanku lan ulem-ulem kang wis sumebar. Nanging pas acara paling sakral lan penting iku meh mulai aku malah kelingan Sri Wirdaningsih. Wektu kuwi kaya ana sing ngongkon njupuk pasfoto sing wis 20 taun tak simpen ning dhompetku. Pasfoto kuwi sing nyemangati uripku sampe saiki. Tak aras alon pasfoto kuwi kanthi kebak rasa asih lan katresnan. “Mas Bagas, kae lho pak Naib wis siyap” swarane adhiku Tardi, aku langsung gragapan, banjur eling yen dina kuwi aku bakal nikah karo Ima.
Telung sasi wis tak lewati karo Ima, aku ngrasakake uripku dadi ana wernane maneh. Apa maneh ngrungu yen miturut dokter, Ima positif ngandhut, aku tambah semangat nglakoni urip.
Pas bali saka kerja aku nabrak  bocah nom sing nggawa majalah-majalah akeh ing tase. Aku sing rumangsa luput langsung ngrewangi njupuk barang-barange sing tiba. Kanggo nyuda rasa luputku aku nuku majalah Panjebar Semangate dheweke.
Sawise tekan umah, aku ados lan eling majalah Panjebar Semangat saka bocah sing tak tabrak mau. Ning majalah kuwi jebule akeh sing bisa tak waca. Aku nyoba maca cerkak tekan bar. Nanging, amarga isih penasaran aku nerusake  mbukaki majalah kuwi.

“Taman Geguritan. Wah puisi-puisi iki” batinku.
TAKANTU TEKAMU...
Wong lanang pepujaning atiku,
Wong lanang kang tansah takantu
Tresna kang sumunar saka bangku sekolah
Ora bisa ilang saka lamunaning uripku
Dhuh Gusti...kowe ana ing ngendi
Jroning atiku ora bisa tak salahke
Aku tansah eling sliramu
Saben tak siriki tambah kepat
Tangisku amung kanggo sliramu
Tresnaku amung kanggo sliramu
Bagas Wibisana...kowe sing takantu
Biyen, saiki, lan salawase


Sri Wirdaningsih
Yogya, 9 Desember 2011

(cuthel)